Kamis, 10 November 2011

Khutbah Iedul Adha 1432 H (Bhs Jawa)


'IEDUL ADHA,
MOMENTUM PENINGKATAN UKHUWAH LAN SOLIDARITAS SOSIAL
Dening: Aziz Luqman

 
اللهُ اَكْبَرُ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ وَلاَنَعْبُدُاِلاَّ اِياَّهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَ نَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلاَحْزَابَ وَحْدَهُ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ
اْلحَمْدُللهِ الَّذِى جَعَلَناَمِنَ الْعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ اْلحَمْدُ للهِ الَّذِى هَدَاناَاِلَى الصِِّرَاطِ اْلمُسْتَقِيْم لِنَيْلِ جَنَّةِ النَّعِيْمِ فِى رِضَى اللهِ اْلعَظِيْمِ أَشْهَدُاَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيكَ لَهُ وَلاَنَعْبُدُ اِلاَّ اِياَّهُ لَهُ اْلمُلْكُ وَ لَهُ اْلحَمْدُوَهُوَالصَّدِيْقُ اْلوَعْدُاْلاَمِيْنُ وَأَشْهَدُاَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ النَّبِيُّ اْلكَرِيْمُ اللّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِاْلمُرْسَلِيْنَ مُحَمَّدٍ وَعَلى الِهِ وَ اَصْحاَبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَيُّهاَاْلحَاضِرُوْنَ وَاْلحَاضِرَاتُ فَيَااَيُّهَااْلمُسْلِمُوْنَ اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ وَقاَلَ تَعاَلىَ فِي كِتَابِهِ اْلكَرِيْمِ:
 
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُوَللهِ اْلحَمْدُ
Sedaya puji mangga kita unjukaken dumateng Allah SWT, ingkang nyiptaaken langit, bumi lan sedoyo isinipun, ingkang Maha Prikso lan Maha Kuoso, ingkang Maha Adil lan Wicaksana, Maha Mirah lan welas asih. Shalawat lan salam mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, para sederek lan sedaya sahabatipun ingkang tansah taat lan setia nderek lan njunjung ajaranipun.
 
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُوَللهِ اْلحَمْدُ
Jamaah kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah
Allah SWT., sampun paring kalih dinten ingkang dipun istilahaken kanthi istilah "ied", ingkang artosipun Hari Besar, Hari Raya, utawi wonten ing istilah Jawi asring kita mireng kanthi istilah riyoyo. Kalih dinten meniko inggih Idul Fithri lan Idul Adha.
Dipun ngendikaaken wonten satunggaling hadits:
قَدِمَ رَسُوْلُ اللهِ صَلىَّ اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اْلمَدِيْنَةَ وَلَهُمْ يَوْمَانِ يَلْعَبُوْنَ فِيْهِمَافَقَالَ مَا هذَانِ اْليَوْمَانِ قَالُواكُنَّانَلْعَبُ فِيْهِمَافِي اْلجَاهِلِيَّةِ فَقَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اِنَّ اللهَ قَدْ اَبْدَلَكُمْ بِهِمَاخَيْرًا مِنْهُمَايَوْمَ اْلاَضْحَى وَيَوْمَ اْلفِطْرِ
"Rasulullah SAW. dumugi ing Madinah lan panjenenganipun prikso bilih tiyang-tiyang madinah nggadahi kalih dinten ingkang sami dipun ramekaken kanthi permainan-permainan. Panjenganipun lajeng ndangu, "Dino opo rong dino iki?", tiyang-tiyang sami njawab, "Naliko jaman jahiliyah kito ngrameaken kalih dinten meniko kanthi permainan-permainan". Rasulullah SAW. lajeng ngendiko, "Saktemene Allah wus ngganti rong dino kuwi kanggo kowe kabeh kanthi kang luwih becik, yoiku Idul Adha lan Idul Fitri" (HR. Abu Dawud lan Nasa'i)
Lan wonten ing dinten meniko, kita kaum muslimin lan muslimat sesarengan menikmati dinten ingkang istimewa, dinten ingkang khusus, amargi dinten meniko tanggal 10 Dzulhijjah 1431 H, kita ngrayakaken 'Idul Adha. Mangga kesempatan Idul Adha meniko kita ginaaken kanthi leres lan optimal kagem ngagungaken dinten meniko, kagem mbentenaken dinten meniko kaliyan dinten-dinten sanes, kagem mensyiarkan Islam lan kaum muslimin kanthi cara-cara ingkang sesuai tumrap syariah agami Islam, ugi kanthi tansah ngagungaken asmanipun Allah.

 
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُوَللهِ اْلحَمْدُ
Jamaah shalat 'Ied rahimakumullah,
Wonten ing rangkaian ibadah shalat 'Ied meniko, wonten ing tiap-tiap keluarga muslim ingkang mampu dipun sunnataken supados nyembelih hewan korban ingkang sehat tanpa cacat. Saklajengipun daging qurban meniko disamping kagem dipun dahar dening shahibul qurban, ugi dipun shadaqohaken dumateng tiyang sanes, khususipun dumateng tiyang ingkang secara ekonomi dipun pandang kirang mampu utawi kagolong tiyang-tiyang miskin.
Rasulullah SAW. Ngendiko:
ﻤﻥﻜﺎﻥﻠﻪﺴﻌﺔﻭﻠﻢﻴﺿﺢﻓﻼﻴﻘﺮﺒﻦﻤﺻﻼﻨﺎ
"Sapa wong kang duwe kemampuan berqurban ananging deweke ora nindakake qurban, mangka aja cedhak-cedhak marang papan shalate awak dewe" (HR. Ahmad lan Ibnu Majah)
Kanthi mekaten sampun cetha bilih ancaman kagem tiyang ingkang kaparingan kemampuan kagem nindaaken ibadah qurban ananging mboten purun lan eman-eman kagem ngedalaken sebagian bandanipun kagem nindakaken perintah Allah meniko, inggih tiyang meniko mboten pareng cedhak-cedak papan shalatitun kaum muslimin. Maksudipun, tiyang ingkang mekaten meniko mboten kalebet golongan kaum muslimin ingkang remen beribadah, amargi mushalla wonten mriki minangka simbol saking pusat pangibadahan, ingkang tentu uwoh saking sedaya pangibadahan meniko inggih ganjaran ingkang puncakipun arupi suarga mbenjing wonten ing akhirat. Menawi hadits kala wau dipun maknani kanthi leterlex, kanthi lafdzi, secara dhohiri, mboknewi ancaman mboten pareng caket-caket dumateng papan shalatipun kaum muslimin meniko, mboten medeni kagem tiyang ingkang bakhil lan kabotan nindaki ibadah qurban, amargi biasanipun tiyang ingkang mekaten meniko pancen arang-arang anggen tindak dateng mushalla utawi masjid.
Saking dipun syariataken ibadah qurban meniko, kita saged mundhut pinten-pinten hikmah, ingkang antawisipun:
Sepindhah, kanthi penyembelihan hewan qurban meniko, saged dipun dadosaken simbol kagem ngilangaken dominasi sifat-sifat hayawaniyah utawi sifat-sifat kebinatangan wonten ing diri tiyang Islam. Sampun dados fithrahipun kewan bilih gesangipun dipun kuasani dening hawa nafsu, inggih meniko nafsu mangan kagem mempertahankan gesang lan nafsu seksual kagem mempertahankan keturunan. Wonten ing pagesangan kewan, supados nafsunipun saged keturutan, mboten wonten aturan halal lan haram, sarto cenderung egois, ingkang penting kabetahanipun saged terpenuhi.
Menawi wonten ing pagesangan masyarakat menungsa sampun dipun kuasani dening hawa nafsu kados ingkang mlampah wonten ing pagesangan kewan, mesthi badhe muncul kerusakan ingkang luar biasa. Menawi anggenipun pados rejeki, tiyang-tiyang sampun mboten peduli antawisipun pundi ingkang halal lan pundi ingkang haram, saged dipun pestheaken bilih penipuan, penggelapan, pencurian, penodongan, penjambretan, penyerobotan, korupsi, penyalahguanaan wewenang lan kekuasaan kagem memperkaya diri sendiri lan sakjenisipun badhe merajalela, sae ingkang dipun leksanaaken wonten ing daratan, wonten ing lautan, wonten ing dusun, wonten ing kutha malah ugi wonten ing alas hutan belantara; ingkang akibatipun, keresahan, kesusahan, lan bencana badhe menimpa dumateng masyarakat. Na'udzubillah..
Ananging menawi menungso tasih emut lan sadar bilih piyambaikipun dipun ciptaaken dening Allah kanthi saksae-saenipun bentuk, fi ahsani taqwiim, ingkang dipun karuniai akal lan dipun paringi tuntunan agami, mesthi menungso wau saged menekan sifat-sifat kebinatangan meniko, amargi ucapan lan tindak-tandukipun badhe dipun dasaraken dumateng akal lan bimbingan agami, mboten sekedar dipun atur dening hawa nafsunipun.
Mekaten ugi naliko nyaluraken nafsu seksualipun, menawi menungso mboten ngginaaken akal lan mboten nggatosaken dumateng ajaran-ajaran agami, mangka badhe mboten benten kaliyan kewan. Tiyang ingkang kados meniko mboten gadhah isin mameraken auratipun, bangga kanthi cara bergaul ingkang bebas lan melampaui batas, perzinaan lan pemerkosaan akhiripun mboten dipun anggep minangka perkawis maksiyat. Intinipun, sedoyo perkawis ingkang saged memuaskan nafsu seksualipun mboten wonten istilah makruh lan haram. Menawi satunggaling masyarakat sampun kados mekaten, mangka rusakipun tatanan masyarakat sampun dugi wekdalipun, lan akibatipun pinten-pinten penyakit ingkang berbahaya badhe bermunculan, ingkang akhiripun kerusakan, bencana lan musibah mboten saged dipun selaki malih. Na'udzu billah...
Padahal, menawi kita gatosaken, Allah SWT. Sampun nitahaken menungso minangka makhluk ingkang mulia, kados firmanipun wonten ing Al-Qur'an:

"Lan tenan-tenan Ingsun wus mulyaake anak-anak Adam, lan wus Ingsun angkut anak-anak Adam mau ana ing daratan lan ing lautan, Ingsun paringi rizqi saka kang becik-becik lan Ingsun luwihake anak-anak Adam mau kanthi keluwihan kang sempurna ketimbang sapa wae kang wus Ingsun ciptaake"
(QS. Al-Isra
':70)
 
Kanthi mekaten, mestinipun minangka menungsa, kita saged menjaga harga diri, nggadahi sifat isin, mboten mempertontonkan aurat, lan mboten menyalurkan nafsu seksual kita kejawi sesuai kaliyan hukum-hukumipun Allah ingkang dipun jlentrehaken wonten ing syariat agami Islam.
Menawi hukum-hukum Allah dipun taati, mesti katentreman, kedamaian lan kesejahteraan sarta keadilan badhe terwujud wonten ing pagesangan masyarakat. Allah SWT. ngendiko:

"Menawa umpamane penduduk sakwijining negeri padha iman lan taqwa, mesthi Ingsun bakal mbuka kanggo penduduk negeri kuwi barakah kang okeh saka langit lan bumi, ananging penduduk negeri mau padha nggorohake (ayat-ayat Ingsun), mangka Ingsun siksa penduduk negeri mau merga apa-apa kang padha dilakoni" (QS. Al-A'raf: 96)
Jama'ah sholat 'Ied rahimakumullah,
Mangga kita bermuhasabah, mangga kita berintrospeksi, akhir-akhir meniko, negeri Indonesia ingkang kawentar minangka negeri ingkang ijo royo-royo, gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharjo asring kaparingan musibah, langit ingkang mestinipun dados sumber berkah malah dados sumber musibah, ingkang mestinipun surya srengenge minangka sebagian sumber penghidupan, sumber vitamin D, bermanfaat kagem proses fotosintesis tetaneman lan kemanfaatan-kemanfaatan sanes, ananging amargi musim kemarau ingkang panjang malah dados sumber musibah. Para petani kawratan anggen paring toya kagem tetanduranipun, hutan sami kobong lan ndadosaken masalah, termasuk kebulipun ingkang ngantos ngganggu neneri-negeri tetanggi. Sak kosokwangsulipun naliko musim udan, toya jawah ingkang mestinipun dados sumber barokah minangka sumber gesang lan nggadahi kathah manfaat kagem tetanduran, kewan lan menungsa malah dados sumber malapetaka amargi dados banjir ingkang ngrusak tetanduran, ngrusak mergi lan bangunan, ndadosaken tanah longsor lan menghambat kathah aktivitas menungso, malah kadang ngantos nyuwun korban jiwa. Laut ingkang mestinipun minangka sumber barokah amargi merupakan sumber mata pencaharian para nelayan ingkang mboten telas-telas ulamipun malah dados sumber bencana amargi tsunami ingkang nyebabaken kerusakan lan kathah tiyang ingkang dados korban. Bumi ingkang merupakan papan bercocok tanam lan papan bertempat tinggal, malah dados sumber bencana amargi lindu ingkang ngrisak kathah sarana lan prasarana pagesangan menungso kanthi nyuwun korban jiwa ingkang kathah. Isi bumi ingkang mestinipun minangka sumber berkah amargi mengandung kathah sumber alam ingkang arupi gas bumi, minyak, hasil tambang lan sanes-sanesipun malah dados sumber masalah amargi naliko dipun bor ingkang medal malah lumpur ingkang mluber lan nyebabaken kathah bangunan sae griya, sekolahan, pasar, toko, papan ibadah lan pabrik-pabrik sami klelep lan nyebabaken kathahipun pengungsi kanthi kathah permasalahan enggal. Ugi wonten ing wekdal nembe punika sareng-sareng kita raosaken, gunung Merapi ingkang mestinipun nggadahi manfaat ingkang kathah kagem pagesangan kita, saking sumber nabati lan hewani ugi material vulkanikipun, ananging nalika bergolak lan jebluk lajeng dados musibah lan dados sumber bencana kagem kita sedaya.
Allah sampun ngendika bilih barokahipun saking langit lan bumi badhe dipun paringaken dumateng penduduk negeri ingkang sami iman lan taqwa, lan badhe paring siksa adzab dumateng penduduk negeri ingkang sami nggorohaken ayat-ayatipun. Kanthi mekaten menawi langit lan bumi Indonesia sakmeniko kok mboten dados sumber barokah, ananging malah dados sumber musibah, sumber bencana lan malapetaka, mboknawi penduduk Indonesia meniko sampun termasuk kategori ingkang nggorohaken ayat-ayatipun Allah, Na'udzubillah... Kanthi meniko wonten ing kesempatan khutbah meniko kawulo ngajak diri pribadi kawulo lan kaum muslimin sedoyo, mangga kita kaum muslimin lan muslimat Indonesia, khususipun kita Jama'ah shalat Ied, sesarengan saking diri pribadi kita piyambak-piyambak, saking keluarga kita piyambak-piyambak, saking jamaah kita piyambak-piyambak, mulai memperbaharui iman lan taqwa kita, ngathah-ngathahaken ibadah, sae ingkang mahdhoh utawi ingkang ghoiru mahdhoh, nindaki sedaya perintah Allah, sae ingkang enteng utawi ingkang abot, nebihi sedaya awisanipun, sae perkawis ingkang sekeco utawi ingkang pancen mboten kita remeni, giat anggenipun amar ma'ruf lan nahi munkar, kanthi jiwa, bandha, pikiran lan menopo kemawon ingkang kita gadhahi, lan tansah nindaaken tawashau bil haq wa tawashau bishshabr. Kanthi meniko mugi-mugi Allah badhe nambah rahmatipun kanthi ngangkat sedoyo musibah lan bencana ingkang saklajengipun dipun gantos kanthi paring barokah saking langit lan bumi.
 
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُوَللهِ اْلحَمْدُ
Kaping kalih, pembagian daging qurban minangka simbol utawi conto saking ajaran ingkang langkung luas, inggih meniko mestinipun menungso mboten bersifat egois, ananging malah sakkosokwangsulipun, kedah nggadahi kepedulian sosial, kanthi nyodaqohaken sebagian rizki ingkang sampun dipun karuniaaken dening Allah SWT., dumateng tiyang-tiyang sanes ingkang mbetahaken.
Satunggaling penggalan hadits ingkang membahas masalah daging qurban ningkasaken:
ﻓﻛﻟﻮﺍﻭﺍﺩﺨﺮﻭﺍﻭﺘﺻﺪﻗﻮﺍ
"...Mangka padha pangano, padha simpeno lan padha shodaqohno" (HR. Bukhari lan Muslim dipun riwayataken dening 'Aisyah r.a)
Kanthi hadits meniko tegas bilih sebagian daging qurban leres saged dipun dhahar dening shahibul qurban, sebagian sanesipun saged dipun simpen menawi kondisi lan situasi masyarakat sampun kecukupan daging sahinggo daging qurban meniko mboten telas terbagi kagem para mustahiq. Lajeng ingkang penting, sebagian sanesipun kedah dipun shodaqohaken dumateng para mustahiq, inggih meniko tiyang ingkang kesulitan, tiyang ingkang fakir, tiyang nyuwun, lan tiyang ingkang kekurangan ananging mboten kerso nyuwun, amargi harga dirinipun ingkang inggil.
Ibadah qurban ugi paring pelajaran supados tiyang ingkang beribadah kedah ngagem barang ingkang berkualitas, ingkang bermutu.
Wonten ing hadits sanes, dipun ngendikaaken:

 
ﻨﻬﻰﺭﺴﻮﻝﺍﷲﺼﻟﻰﺍﷲﻋﻟﻳﻪﻭﺴﻟﻢﺍﻥﻴﺿﺣﻲﺒﺄﻏﺿﺏﺍﻠﻘﺮﻥﻭﺍﻷﺬﻥ
"Rasulullah SAW. wus nglarang qurban kanthi hewan kang pecah sungune utawa kang sigar kupinge" (HR. Al-Khamsah)
Disamping amargi wonten babagan pangibadahan ingkang minongko sarana interaksi antawisipun menungso minongko kawulo lan Gusti Allah minongko pangeranipun, kita kedah ngginaaken barang ingkang bermutu, ananging ugi amargi sebagian daging qurban meniko badhe dipun paringaken dumateng para mustahiq, hadits meniko lajeng paring pelajaran bilih mesthinipun kita paring shodaqoh dumateng tiyang sanes kanthi barang ingkang sae, ingkang bermutu utawi berkualitas. Ingkang dipun shadaqohaken mesthinipun mboten barang ingkang cacat lan ugi mboten barang ingkang sampun mboten dipun remeni, ananging barang ingkang kita piyambak rumaos remen.
Allah SWT. negasaken:

"Ora bakal kowe kabeh tekan kabecikan kang sempurna sakdurunge kowe nginfaqake sebagian bandha kang kok senengi, lan opo wae kang kowe nafqahake, mangka tenan-tenan Allah Mriksani" (QS. Ali Imran: 92)
Wonten ayat sanes, Allah ngendikakaken bilih antawisipun tiyang ingkang badhe pikantuk kenikmatan suargo inggih punika ingkang nggadahi ciri:

"Lan wong-wong kang podho ngenehi panganan kang disenengi marang wong miskin, bocah yatim lan wong-wong kang ditawan" (QS. Al-Insan: 8)
Satunggaling hadits ugi negasaken:
ﻤﻦﻨﻔﺲﻋﻦﻤﺆﻤﻦﻜﺮﺒﺔﻤﻦﻜﺮﺐﺍﻠﺪﻨﻳﺎﻨﻔﺲﺍﷲﻋﻧﻪﻜﺮﺒﺔﻤﻦﻜﺮﺏﻴﻮﻢﺍﻠﻘﻳﺎﻤﺔﻭﻤﻦﻴﺳﺮ ﻋﻟﻰﻤﻌﺳﺮﻴﺳﺮﺍﷲﻋﻟﻳﻪﻓﻰﺍﻠﺪﻨﻳﺎﻭﺍﻷﺨﺮﺓﻭﻤﻦﺴﺗﺮﻤﺳﻟﻣﺎﺴﺗﺮﻩﺍﷲﻓﻰﺍﻠﺪﻨﻳﺎﻭﺍﻷﺨﺮﺓ ﻭﺍﷲﻓﻰﻋﻮﻦﺍﻠﻌﺑﺪﻤﺎﻜﺎﻥﺍﻠﻌﺑﺪﻓﻰﻋﻮﻦﺍﺨﻳﻪ
"Sopo wong kang nglapangake nafase wong mukmin saka kesusahan ing ndonya, mangka Allah bakal nglapangake nafase wong mau saka kesusahan ing dino kiamat; sopo wong kang nggampangake kesusahane wong liyo, mangka Allah bakal nggampangake wong mau ing ndonya lan akhirat; sopo wong kang nutupi aibe wong muslim, mangka Allah bakal nutup aibe wong mau ing ndonya lan akhirat. Lan Allah bakal nulung kawula-Ne saksuwe kawula mau gelem ngenehi pitulung marang sedulure" (HR. Muslim)
Kanthi adedasar hadits meniko, mangka menawi kita kepengen dipun lapangaken nafas kita wonten ing dinten kiamat, menawi urusan-urusan kita kepengen dipun gampangaken deneng Allah, menawi aib kita kepengen dipun tutupi deneng Allah, lan menawi kita kepengen pikantuk pitulungan saking Gusti Allah, mangka syaratipun inggih kita kedah remen nglapangaken kesusahan tiyang sanes, remen paring jalan keluar saking kesusahanipun tiyang sanes, remen nutupi aibipun tiyang sanes lan ugi kedah remen paring pitulung dumateng tiyang sanes.
Saklajengipun secara mafhum mukhalafah, mangga kita bermuhasabah, mangga kita mengintrospeksi diri lan masyarakat kita piyambak. Menawi kita rumaos urusan-urusan kita, sae urusan pribadi utawi urusan masyarakat, sae wonten babagan ekonomi, babagan politik, babagan pendidikan, babagan pangupa jiwa lan sanes-sanesipun kok kaparingan tansah susah, abot, angel, lan mboten wonten jalan keluaripun, mbok menawi ingkan mekaten meniko amargi kita kirang anggen paring kegampangan dumateng tiyang lan masyarakat sanes, utawi malah asring ngangel-angel urusan tiyang sanes ingkang estunipun gampil, ugi mbok menawi kita kirang anggen paring pitulung dumateng tiyang lan masyarakat sanes. Gampilipun, mbokmenawi kita kalebet tiyang ingkang gadhah sifat bakhil lan egois.
Menawi ajaran solidaritas sosial meniko mboten dipun gatosaken, utawi malah sampun dipun tilar, menopo malih dumateng saksami tiyang Islam, Rasulullah sampun paring peringatan bilih tiyang ingkang kados mekaten meniko dipun kelompokaken dumateng kelompok tiyang ingkang dereng sempurna imanipun.
Rasulullah ngendiko:
ﻻﻴﺆﻤﻦﺍﺤﺪﻜﻢﺤﺗﻰﻴﺣﺐﻷﺨﻳﻪﻤﺎﻴﺣﺐﻠﻧﻔﺳﻪ
"Durung sempurno iman salah sawijining kowe kabeh nganti deweke nyenengi sedulure koyo deweke nyenengi awake dewe" (HR. Muslim dipun riwayataken saking Anas bin Malik)
Hadits sanes negesaken:
ﻤﻦﻠﻢﻴﻬﺗﻢﺒﺄﻤﺮﺍﻠﻣﺳﻟﻣﻳﻦﻓﻟﻳﺲﻤﻧﺎ
"Sapa wong kang ora nggatekake marang urusan kaum muslimin, mangka deweke ora klebu golongane awak dewe"
 
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُوَللهِ اْلحَمْدُ
Jamaah sholat Ied rahimakumullah,
Sesarengan kaliyan kita ngrayaaken Idul Adha meniko, sederek-sederek kita ingkang kaparingan istitho'ah, wonten ing tanah haram sami nindaki ibadah haji. Berjuta-juta kaum muslimin, saking mapinten-pinten bangsa ingkang benten, warna kulit ingkang benten, bahasa ingkang benten, budaya lan kebiasaan sarta madzhab pangibadahan ingkang beraneka ragam, ngempal wonten papan ingkang sami, ngagem ageman ingkang sami, nindaki pangibadahan ingkang sami, ngucap talbiyah, takbir, tahmid lan tasbih ingkang sami. Mboten wonten bentenipun antawisipun ingkang sugih lan ingkang mlarat, mboten benten antawisipun ingkang putih lan ingkang cemeng, mboten benten antawisipun pejabat lan rakyat, mboten benten antawisipun 'Arabi lan A'jami.
Ingkang kados mekaten meniko, minongko simbol persatuan, ukhuwah lan kesamaan ing antawisipun kaum muslimin. Sinaoso benten-benten latar belakang sisi kemanusiaanipun, ananging minongko tiyang Islam, sedoyo sami bersatu, ukhuwah tetep dipun jagi lan sedoyo sami wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang mbentenaken inggih namung tingkat ketaqwaanipun.
ﻻﺧﻴﺮﻷﺣﺪﺇﻻﺑﺎﻟﺘﻘﻮﻯ
"Ora ono keluwihan salah sawijining kowe kabeh marang liyane kejaba karana taqwane"
 
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُوَللهِ اْلحَمْدُ
Akhiripun, mangga sesarengan, momentum utawi kesempatan Idul Adha meniko kita ginaaken kagem bermuhasabah secara pribadi lan masyarakat, supados dinten-dinten ingkang badhe dateng kita tansah tambah iman, taqwa lan kesaenaipun, sinambi secara jamaah, kita tingkataken raos ukhuwah Islamiyah, kita tingkataken raos solidaritas sosial kita, sahinggo kaum muslimin saestu saged dados khoira ummah, ummat ingkang paling sae, lan wonten ing pergaulan masyarakat kita, ummat Islam saged dados ummatan wasathan, ummat ingkang dados penengah, ingkang ngraketaken, mboten ingkang memecah belah. Lajeng wonten puncakipun mugi-mugi dusun-dusun kita, desa lan negari kita ingkang pendudukipun mayoritas kaum muslimin meniko, saged dados dusun-dusun, desa lan negari ingkang tansah kanugrahan barokah saking Allah SWT. Sae ingkang dipun grujugaken saking langit utawi ingkang dipun edalaken saking bumi. Lan cita-cita bangsa Indonesia dados baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur saged tercapai. InsyaAllah... Amin Ya Rabbal Alamin...

0 komentar:

Posting Komentar

FB